Anak Lanang Anak Udan
Sore iki mendhung gumantung ing sakdhuwure omah-omah
kang rintip-rintip ing pinggir dalan
gedhe. Toko-toko dhuweke uwong-uwong sugih iku padha padhang jingglang
diurupake dening karyawan-karyawane. Aku numpak sepedha motor ijo menyang
tengah kutha arep nekani tontonan ing gedhung wayang uwong. Tak lakokake rada
banter yen kahanan dalane sepi. Tak lakokake alon-alon yen kahanan dalane rame.
Iya aku iki kalebu uwong sing ora wani banter-banter yen numpak sepedha motor.
Atiku gampang tratapan. Dibel dening motor utawa montor ing buriku wae rasane
kaget banget.
Sakuwise mlaku kurang luwih teka sekilo, ujug-ujug
rasane rupaku kena banyu kang kemepyur. Grimis udakara 100 meter. Tambah deres.
Sansaya deres banget. Aku akhire mandheg ing pinggir dalan. Aku nggoleki
panggonan sing sekirane bisa kanggo ngeyup.
Tak ampirake sepedha motorku ing toko sing uwis
tutup. Tokone peteng uwis ora ana uwong sing njaga. Awakku sing sisih ngarep
teles kebes. Ananging sujakna tasku ora patia teles. HPku karo dompetku isik
aman.
“Astagfirullah, kok ya aku ora nggawa mantol barang.
Uwis ngerti mendhung awit mau awan. Ora nggatekake babar pisan.” Omongku marang
awakku sing ora bener iki.
Arep kepriye maneh. Uwis kasep. Sing penting
barang-barangku sing ana tas ora teles. Sanajan klambiku ngarep iki teles
banget. Rasane awakku dadi adem atis nganti mrinding.
Udane ora rampung-rampung. Jam tanganku nuduhake
wektu jam lima. Dumadakan, aku weruh wong wedok sing nggawa bocah cilik
digendhong ana geger. Mlaku karo gawa kresek putih sing kayane iku isine
rongsok. Rongsok-rongsok kayata botol, kerdus, kaleng, lan liya-liyane. Kresek
kang isine rongsok mau dipundak ing sisih kiwa, jejer karo bocah cilik. Wong
wedok mbi bocah iku lumaku saka sisih wetan menyang kulon. Ora ngeyup-ngeyup. Mangkana
awake wong loro mau uwis padha-padha telese. Amarga babar blas ora nganggo payung
utawa mantol. Namung nganggo plastik rada gedhe sithik sing katon reged lan
rusak. Tak kira iku plastik olehe nemu ing pinggiran dalan. Gawe melas tenan.
Tak delengi terus lumakune wong loro mau. Mlaku
alon-alon nglewati dalan-dalan sing megung gara-gara jeglongan. Jeglongan sing
uwis akeh banget marai wong numpak motor padha tiba. Ananging ora kesusu
didandani. Palinga duite anggaran dikorupsi pejabat-pejabat kae. Iku pamikirku
dhewe. Lha suwe tenan anggone dalan iku rusak. Uwis taunan. Uwis patang taun.
Mbok ya didandani mbaka sethithik-sethithik. Raketan ditembel, diaspal maneh
jeglongane. Apa ya mungkin yen iki sebenere nyata digawe? Digawe supaya padha
akeh sing tiba, banjur diplayokake menyang rumah sakit-rumah sakit iku? Apa ya
ngana ya? Yen ngana kok ya tega temen.
Nanging pamikirku mau kayane ora trep. Tibake sing
dikarepake uwong-uwong dalan alus, diaspal goreng dadi nyata. Dalan sisih
paling wetan kecamatan diaspal goreng pirang-pirang dina iki. Alus tenan kaya
sirkuit dienggo trek-trekan balapan motor. Kabeh montor dumadakan dadi
banter-banter.
Elok tenan
bareng arep pilian wae dalane dialusake kabeh. Sanajan dadak ngenteni limang
taun wektune. Iya husnudzon wae lah. Uwong cilik ngene iki iya namung nrima
dadi.
Wong wedok mau leren ing gerdhu kang sinerat Desa
Watureja. Gerdhune iku gedhe lan ana iyup-iyupane. Warnane abang kacampuran
putih. Bocah cilik sing digendhong ing gegere wong wedok mau nangis
membik-membik saya suwe tak rungokake tambah banter. Nganti krungu saka
panggonan sing tak enggo leren ngeyup saka tibaning udan. Wong wedok mau katon bingung. Banjur bocah
cilik mau saiki uwis dipangku. Diselimuti nganggo jarik gendhong. Bocah cilik
iku ora meneng olehe nangis. Dikekep,
saiki tangise uwis suda. Rada sawetara nangis maneh.
Ndeleng kahanan kaya mangkana, aku sabenere welas
kapengin biyantu. Nanging biyantu apa aku bingung. Tak pikir nganti tumemen. Ora
tegel atiku. Rasane kaya diceklek-ceklek. Kaya-kaya arep metu eluhku.
Nalikane aku mikir arep wenehi pitulungan. Pas
banget jebule panggonan sing tak enggo ngadeg iki yaiku bakul gorengan karo
wedang. Aku dadi kepikiran numbasake wedang teh, gorengan, karo sega kucing. Tak
enteni nganti bakule bukak. Pas bukak langsung wae tak tumbasake cacah telu. Sing
siji genahe dienggo aku.
Tak parani wong wedok lan bocah cilik mau. Aku
nyebrang dalan sing ora ketara dalan. Malah ketara kaya kali anyaran. Kahanan
udane isik deres. Tak trabas wae. Teka ing gerdhu abang putih iku, aku dideleng
kaya uwong asing sing gawe curiga. Kaya wedi pasuryane wong wedok mau.
“Pangapunten Ibuk, panjenengan sampun dhahar
dhereng? Menika kula gadhah sekul tiga kaliyan gorengan. Ingkang kalih diangge
panjenengan nggih. Kersane adhike maem.” Ing sangarepe Ibu iku aku micara kanthi alus.
“Oh nggih Mas maturnuwun.” Saurane Ibuke.
“Ketingale adhike niku atis Buk. Wonten teh anget.
Mang dimimikake rumiyin kersane anget boten rewel malih.” Aku kelingan yen uga
ana teh anget sing ana jero plastik ireng iku.
“Oh nggih Mas.” Saurane Ibuke padha karo sing mau.
Ndeleng ana sega karo gorengan. Bocah cilik
ngranggeh-ngranggeh bungkuse. Ibuke banjur ndulang anake kanthi telap-telep.
Thole-thole, nangismu mau amarga luwe lan kadhemen. Iya ta? Uwong gedhe wae yen
luwe sambate eram apa maneh katambahan kadhemen.
Anggonku mangan sega karo ngombe teh uwis rampung
bebarengan karo adhike mau. Ana sisane sega karo teh. Mesthi iku digawa mulih,
amarga Ibuke ora mangan. Namung ngombe tak.
“Anak lanang,
anak udan. Sing tak sayang, tambah kapinteran. Anak lanang, anak udan. Sing tak
sayang, tambah kapinteran.”
Lelagonan dilagukake dening Ibuke. Aku ora reti iku
lagu apa. Lagi sapisan iki nemoni lagu kuwi. Apik tenan. Kaya ditembangake
dening ibuku dhewe. Larase nyawiji karo
larase udan sing tumiba ing samubarang papan.
Allahu
Akbar-Allahu Akbar.
Adzan uwis kumandhang. Aku pamitan karo wong loro
sing akire aku tepang. Iku namane Ibuk Sunarti karo putrane namane Narendra. Lagi
wae sikilku jangkah sapisan, Narendra nyeluk aku. “Mas, maturnuwun.” Omonge
cekak karo ngranggeh tangan tengenku. Digegem lan diambung. Mak cles kaya
kesawur es karo banyu panas. Adhem panas. Praupanku tambah katon sumunar ing
petenge magrib iku. “Dadia bocah pinter ya Dhik!”
Aku bali menyang sepedha motorku. Bareng adzane uwis
rampung, udane iya melu suda, gari grimis. Tak tumpaki, aku nggoleki mesjid kanggo
salat magrib. Rasa-rasane kok ya urung bakal terang. Kocapku ing jero ati.
Mangsa rendheng kaya ngene iya wajar yen udane awet tenan. Yen banyu udan
dilumpukake bakalan dadi segara anyaran temenan ngalah-ngalahi Wadhuk Gajah
Mungkur iku.
~Restu El Tungguri
No comments:
Post a Comment