Geguritan: Asreping Dalu





Asreping Dalu


Dening Dhiya Restu Putra


Kang ginaris ing kitabing gusti

Nora ana kang bisa mungkasi

Marang apa sing wus pesthi

Mara-mara, ilang dadi sawiji

Adem

Anyep

Athis

Asrep

Peteng

Lintang

Candra

Krik, Jangkrik

Kong, bangkong

Ndhung, mendhung gumantung

Ngin, angin ngrerontog oyoding ringin

Wa, lawa iber angrokot jambu tuwa

Lelara, bebaya moksa musna

Nalika Dalu ngancik wektu telu

Ana manungsa dedonga yuwana


Juron, 2 April 2020

2 comments:

Puisi : Senja Itu

Senja itu anaknya mesen dan jajan yang dipinta mengucap jumpa untuk dirasa dan  dicinta lalu dibayar kepada yang mencipta.  Restueltungguri,...