Puspa Panca Warna
Dening Dhiya Restu Putra
Daksawang
akehing wang
Ireng
areng
Kemruyuk
darik-darik
Tan
cetha, ing sisih kana
Saya
cetha, ing sisihing wana
Terpal
biru kang dadi panyangga
Angiyupi
kang nandang dhuh kita
Njur
hana ta pethak ngisoring mega
Mega
mendhung kumleyang kaya nantang
Dakcedhaki,
krungu giro-giro tangis
Mencak-mencak
gawe giris
Tangi
Pak, Tangi Mak
Aku
ra lali, aku ra bisa
Ngogel
manahku kaya kesawur watu
Kafan
iku katabur puspa panca warna
Salati
para sanak tangga
Wusana
mangkat, katutup amal ing donya
Juron,
14 April 2020