Geguritan: Puspa Panca Warna




Puspa Panca Warna

Dening Dhiya Restu Putra

Daksawang akehing wang
Ireng areng
Kemruyuk darik-darik

Tan cetha, ing sisih kana
Saya cetha, ing sisihing wana
Terpal biru kang dadi panyangga
Angiyupi kang nandang dhuh kita

Njur hana ta pethak ngisoring mega
Mega mendhung kumleyang kaya nantang
Dakcedhaki, krungu giro-giro tangis
Mencak-mencak gawe giris

Tangi Pak, Tangi Mak
Aku ra lali, aku ra bisa
Ngogel manahku kaya kesawur watu

Kafan iku katabur puspa panca warna
Salati para sanak tangga
Wusana mangkat, katutup amal ing donya


Juron, 14 April 2020

No comments:

Post a Comment

Puisi : Senja Itu

Senja itu anaknya mesen dan jajan yang dipinta mengucap jumpa untuk dirasa dan  dicinta lalu dibayar kepada yang mencipta.  Restueltungguri,...