Semar
Jaman Saiki
Dening
Dhiya Restu Putra
Siji setengah taun suwine
Paningal nyawang agunging angkasa
Kang gumantung esem gumuyune
Pesthi moksa, nelangsa kuciwa
Kursi, bangku, gedhegmu
Pancen suwe dadi angenku
Dakpengin angrasa asreping dwaramu
Sepisan aja, sateruse kudu
Iber oncat ngisoring giri
Tumuja kitha Surakarta Nagari
Bengawan, banyu keli, anyekseni
Ngangsu kawruh nganti tumekaning pati
Semar, eh Semar
Nyata, Panjenengan boten nem malih
Jejogloanmu, menika kasebar kaya dene
wit pari
Kang ditengga uwos, anyingkiri sedhih
Bingah, bebingahipun merak ati
44, yuswamu
44, asmamu
44, kaadegaken taman siswa
Amba sansaya ngrembaka
Sumebyar aruming suka
Nulada lakuning Pandhawa
Universitas Sebelas Maret Surakarta
Mangesthi Luhur Ambangun Nagara
Wonogiri, 19 Februari 2020
No comments:
Post a Comment