Cerkak 3 : Dolan

 

Sumber: Internet

DOLAN

 

Rasa-rasane uwis rong taun luwih aku ora dolan menyang desa ing sisih paling wetan kecamatan  kuwi. Jaman semana nalika isih nganggo seragam putih klawu, aku kerep mrana. Ora dhewe, ananging karo kanca-kancaku. Yen ngelingi jaman mbiyen aku kerasa bali dadi bocah SMA kang ora ana beban urip sing mbulet ana utek iki. Sekolah saben esuk budhal wiwit jam setengah enem esuk, banjur mantuk jam 1 awan.

Kuwi rong taun awal. Taun ketelu kurikulum pendhidhikan uwis diganti dening kementrian pendhidhikan lan kebudhayaan nganggo kurikulum anyar yaiku kurikulum k-13. Taun ketelu iku ora mung kurikulum wae sing diganti, ananging jam sekolah iya diganti. Dipadhetake dadi limang dina wae saka dina Senin nganti dina Jumat. Kayane yen didheleng kebijakan kuwi nyenengeke ati. Biyasane sekolah enem dina, preine gur sedina. Saiki sekolah limang dina, preine rong dina. Tak pikir iya nyenengake atiku tenan. La wong jarene nganggo kebijakan lima ari kerja iki bocah-bocah ora entuk beban sing marai mumet ing pikir. Alesane, preine mau rong dina, bisa prei, bisa linuwih cedhak karo uwong tuwane, lan akeh alesan-alesan liyane.  

Nyatane bareng dilaksanakake sawetara sesasi, apa wae sing diomongake tibake ora bener. Rasane sirahku kemebul ngetokake asep putih. Iku asep gaib. Yen tenanan mesakake kanca-kancaku keplepeken amarga asepe akeh tenan. Apa maneh ora gur aku sing kemebul pikirane. Tak kira kanca-kanca iya padha kahanane. La wong rupane yen bubar jam siji awan kuwi uwis kaya ora duwe daya babar blas. Diibaratake lampu, kuwi lampune gur limang watt wae ora ana. Semana uga awakku sing angop ambal bola-bali. Mbok menawa ana sing nyoba ngetungi uwis ambal ping selawe kirane.

Oh iya, mantuke yen ing kurikulum anyar iku dadi jam 4 sore. Jam 4 tet lagi bisa metu saka gerbang. Rupa-rupane bocah-bocah sing kucel lesu,  genah padha luwe kabeh. Uwong ngangsu kawruh iku iya ora gampang jebule. Kudu ana kang dikorbanake. Mligine bab wektu sing kudu diselakake.

Jam 4 kuwi yen aku durung langsung mulih. Kebiyasaanku saben jam semana iku lagi melu kegiyatan organisasi utawa ekstrakurikuler. Uwis biyasa mulih sore. Mulih bengi iya ora masalah. Amarga, uwis biyasa mau. Uwong tuwaku iya uwis kulina weruh putrane mulih telat.

***

Wengi iki udan deres awit sore mau durung teka terange. Jangkrik-jangkrik sing pakulinan muni bebarengan kewan-kewan liyane iku ora ana swarane. Aku gebres bola-bali. Iku tandhane irungku sing dadi alat sing sensitip bab rasa adhem temenan rasane nusuk-nusuk. Namung  gebres kuwi adheme ora sepiraa. Yen ana gatel-gatel gumantung ing ngisoring bolongan irung sing tumetes, iku tandhane hawane atis. Gusti pancen Dzat kang Maha Asih nyiptakake kabeh bagean badan sing duwe gunane dhewe-dhewe.

“Cah piye sesuk sida apa ora? Yen sida tak takonanake dhisik. Amrih cetha piyambake ana ngomah apa ora.” Kuwi pitakonanku  marang kanca-kanca lumantar WA grup sing uwis ana awit SMA. Grup iku mung metu notipikasi ijo-ijo kae yen ana butuhe thok. Yen blas iya blas. Setaun kena diitung ping pira anggone padha jejagongan ing donya maya iku.

“Iya, ndang takonana dhisik! Amrih jelas sesuk mangkat apa ora.” Saurane kancaku lumantar grup mau.

Banjur piyambake tak hubungi, tak takoni, tak wiwiti kanthi uluk salam. Terus mitepangake jenengku senajan asline uwis reti. Uwong Jawa iku dhasare ciri khase seneng basa-basi. Bab apa wae sing dibahas diwiwiti sambutan-sambutan dhisik, yen uwis sejam rongjam olehe guneman lagi mlebu intine.

Piyambake ngiyani ana ing omah awit esuk  nganti Asar. Asile tak aturake kanca-kancaku. Padha sepakat mangkate sesuk jam 10. Yen ora molor. Reti dhewe jam Indonesia kuwi lak ora baku. Rencanane jam 10 mangkate dadi jam 11. Uwis dadi kebiyasaan iku, susah diilaki. Kalebu budaya kang uwis tumurun saka simbah-simbah. Adhuh, kok malah nyalahake para sesepuh. Telat orane  iki asline gumantung karo uwong-uwongane dhewe-dhewe. Cah enom apa maneh. Alesane ana wae. Sing lagi tangi, sing lagi adus, sing ketemu lampu abang akeh eram. Padhahal ing desa ora ana bangjo. Olehe ngarang ilok tenan kaya para pujangga. Nganti ora masuk akal.

Jago kluruk soroting surya lumaku alon-alon saka sisih purwa. Ngilangi mbaka sithik adheme wengi telas kudanan. Gegodhongan gumilap kairing manuk-manuk miber golek panganan. Katon padhang jingglang esuk iki. Megane tipis-tipis nutupi langit biru sing ambane ora winates.

Jam Hpku uwis nudhuhake angka 10. Tak enteni swarane pit sing bakal mampir omahku. Aku mung nunut dina iki. Males yen ndadak gawa pit motor dhewe, amarga bensine durung tak isi. Eman-eman ngetokake dhuwit 10 ewuku. Kanthi nunut wae dhuwitku isa aman. Isa tak enggo tuku jajan sega ayam.

Brem, brem, brem. Udhug, udhug, udhug. Swara pit motore kanca-kancaku mbaka siji parkir ing latarku. Byuh pite padha anyar-anyar kabeh, sing padha ganti matic beat-vario modhel saiki. Ana sing tuku pit  motor lanang abang. Apa jenenge aku lali. Kayane vixion jenenge. Yen aku iya isik pit ijo kae Jupiter Z sing uwis ngancani aku saka jaman SMA nganti kuliah teka Surakarta Hadiningrat. Tak sayang-sayang pit iku kaya pacarku dhewe. Kepriye maneh la wong aku iki duweni watak sing ora neko-neko, sak anane, bandha donya iku ora digawa mati. Iya ta, bener ta pamikirku? Nanging dipadhakake kancaku mesthi utekku luwis encer. Lah alah malah umuk. Hahaha.

Gagasanku bener anane, lagi padha teka omahku jam setengah sewelas. Akire mangkat bebarengan. Mampir dhisik tuku buwah-buwahan kaya jeruk, salak, lan liya-liyane. Kuwi kalebu adate wong Jawa, yen saben mertamu sakora-orane nggawa buwah tangan. Sanajan biyasane sing digawa  iku ditokake maneh dadi suguhan. Ana paribasan anyar kang   padha mbi kahanan kuwi. Saka tamu, kanggo tamu, oleh tamu.

“Assalamualaikum Kak.” Kancaku ndhisiki mlebu omah. Sesebutan Kak iku lumrah ing kagiyatan Pramuka. Nyebut sapa wae sanajan luwih tuwa, ora kok “Bapak/Ibu, Simbah” ananging Kak.

Lungguh darik-darik. Jumejer. Lanang sisih kiwa, dene wedok sisih tengen. Pitakonan wiwitan saka Kak Sanggrong yaiku kepriye kabare aku karo kanca-kancaku. Uwis rong taun punjul ora tau dolan menyang daleme. Dolan sing keri dhewe iku pas bakda idhul fitri. Mrana ora nggawa apa-apa. Ananging ngentekake panganan riyaya. Sing genah astor sak kaleng ludhes dipangani cah-cah. Aku barang iya. Tambah maneh ngombe sirup. Seger tenan rasane. Apa maneh gratisan ngene iki.

Guneman ing awan kuwi isine bab nostalgia ngelingake jaman SMA, pacar, kerja, tani, teknik, basa Jawa, perawat, lan sapanunggalane. Akeh tenan sing dibahas. Ngalor ngidul ngetan ngulon. Bab pacar iku sing paling tak senengi. Amarga aku bisa nggodha kancaku uwong loro sing lagi kataman asmara. Sing siji kancaku lanang sing uwis tresna mbi wong wedok awit jaman SMP, ananging rampungan. Banjur kuliah iki  wiji-wiji tresna tumukul maneh ing atine uwong loro mau. Uwong loro iku watake isin-isin ngana. Nyatane cedhak  ngomonge ora. Ngomonge biyasa wae, ananging ora biyasa. Tresna iku nyatane marai bingung. Malah ana sing omong yen tresna kuwi wuta. Apa iya ngana?

Siji kancaku iki wedok, lagi kataman asmara karo tanggane. Kaya lagu dangdut sing misuwur kae. Judhule Pacar Lima Langkah. Pacarku memang dekat.Lima langkah dari rumah. Tak perlu kirim surat. SMS juga gak usah. Kalau rindu bertemu. Tinggal nongol depan pintu. Tangan tinggal melambai. Sambil bilang helo sayang. Penak tenan iki, pacarane ora ribet. Ora patia modhal akeh. Dolan ing omahe wae nggawa gula teh. Yen ora dolan ing tegal karo mbubuti suket, lak katon romatise. Romantis tur ana gunane. Ana pribasane iku, karo nyilem ngombe banyu. Ya keselek. Hahaha.

Banjur aku kepriye bab katresnane?

Mung Gusti sing reti. Yen rabi tak undhangi siji-siji. Aja lali ngamplopi. Mugi wae jodhoku wanodya tlatah wetan Wonogiri. Amin.


Wonogiri, 29 Dhesember 2020

Restu El Tungguri


Puisi : Senja Itu

Senja itu anaknya mesen dan jajan yang dipinta mengucap jumpa untuk dirasa dan  dicinta lalu dibayar kepada yang mencipta.  Restueltungguri,...