LAYANGAN
TEMANGSANG
“Mas-Mas
layanganku nyanthol. Jikukna Mas!” Sambate adhiku marang aku sing lagi wae metu
menyang latar omah.
“Lhoh lha piye ta? Makane yen Mas omong dirungokake!
Layangan iku aja aneng ngarep omah. Lha
wong akeh uwit-uwitan barang. Dadi
temangsang ta.” Sauranku nganggo nadha
sing rada dhuwur. Amarga ora gur pisan pindha anggone layang-layange mau
temangsang. Uwis bola-bali.
Tak jipukake genter duweke tanggaku kanggo ngereh
layangan temangsang mau. Gentere saka pring sing cilik lan entheng. Dadine aku
bisa gampang ngereh layangane. Sakluwihe 10 menit, akhire layangane bisa
takjipukake. Praupan sumeh adhiku katon sumunar. Prengas-prenges kaya ora duwe
dosa. Untune katon kuning amarga awit esuk urung adus, urung sikatan. Tangi
turu langsung budhal dolan. Sujakna isik gelem raup dhisik ngilangi owehe sing
kaya banyu kebendung dadi waduk Gajah Mungkur iku.
“Alhamdulillah, kena dijupuk.”
“Piye Le? Arep mbok umbulake ning kene maneh?” Aku
omong menyang adhiku karo rasa kang pegel.
“Iya na Mas.” Jawabe adhiku lugu tenan.
“Piye? Balenana! Kok ya ora kapok lho bocah ki. Uwis
temangsang ping seket barang ogh.” Malah bocahe kayata ora ana kapoke yen
temangsang. Saben temangsang nyeluke aku terus. Sing ngerah aku, sing boyoken
aku, sing kena lebu mripate iya aku. Sujakna adhiku dhewe. Yen ora uwis tak
dadikake sega thiwul sisan.
“Eh, boten Mas. Arep tak umbulake menyang sawah lor
kana wae.”
“Nah, iya kana wae. Aman tur angine linuwih banter
timbangane ngarep omah. Iya ora gampang temangsang.”
Adhiku kuwi isik cilik banget. Umure lagi ngancik 7
taun. Umur semana adhiku sekolahe ning SD kelas 1. Wajar yen adhiku senengane
isik dolanan kaya ngana mau. Layangan terus sabendinane. Ora pedhot olehe
nggeret lan ngendhoni senar. Apa maneh
iki usume uwong ngendi-ngendi padha ngumbulake layangan. Ora enom ora tuwa. Ora
cilik ora gedhe. Langit-langit katambahan lintang anyar kang miber ing dhuwure uwit-uwitan
sengon.
Bocah cilik iku senengane meri marang kancane menawa
duweni barang-barang liyane. Adhiku iki salah siji tuladhane. Akeh layangan
uwis dituku saka layangan pethekan nganti layangan bapangan utawa rep.
“Mas-Mas, tulung dhulna Mas!”
“Kosek ta Le!”
“Ana angin Mas. Dhul!” Iya tembung “dhul” iku ora
asing maneh dienggo uwong-uwong sing ngumbulake layangan. Tembung iku dienggo
niteni yen angine uwis teka lan siap diculake layangan sing dicekelake uwong
iku.
Angine ilang, layangane tumiba ing lemah sawah
nabrak uwit jagung sing dhuwure lagi sak meter. Bola-bali tiba amarga ora ana
angine. Sidane adhiku tak ajak menyang sawahe dhewe pinggir dalan gedhe kana.
“Le, kene-kene gocekan Mas. Layangane dicekel siset!”
Nyebrang dalan gedhe sing rame banget. Dalan iku dalan menyang Jawa Timur dadi
montor saka Jawa Tengah menyang Jawa Timur utawa sakwalike ora ana enteke.
Aku lan adhiku uwis teka papan yaiku sawahe bapak. Adhiku
uwis ora sabar. “Alon-alon lho Le! Yen tiba awakmu ora sida layangan mengko.”
Hawane isik panas. Jam setengah papat sorote srengenge isih cetha wela-wela.
“Dhul.” Layangane mumbul dhuwur kadhesek angin saka
wetan kali. Banter kaya-kaya aku aku iya arep mumbul. Senajan jaman aku cilik,
aku duweni kepenginan bisa miber kaya manuk-manuk kae. Duweni swiwi putih. Miber
mubeng-mubeng desaku sing ijo royo-royo iki. Dhasar isik cilik uteke seneng
mikir bab-bab sing ora teka ing akal.
“Le ayo mulih are magrib iki uwisan!” Aku marani
adhiku saka kalenan panggonku wisuh sikil karo sendhalku.
“Moh Mas mengko sik. Sedilit ngkas.” Saurane adhiku.
“Ayo uwis peteng iki. Digondhol Wewe sisan karepmu!”
Adhiku isik ngeyel. Angel diajak mulih. Saking tresnane karo layangan abang
ireng iku.
“Mulih-mulih, layangane sesuk maneh!” Iku suarane
bapakku saka pinggir sawah nyeluk aku lan adhiku. Yen sing ngaturi bapak,
adhiku ora bakal wani ngeyel. Yen ngeyel siap-siap wae bakal diseneni teka
omah.
Malem Jumat, 25 September 2020
Restu El Tungguri
No comments:
Post a Comment