
anaknya mesen
dan jajan
yang dipinta
untuk dirasa
dan dicinta
lalu dibayar
kepada
yang mencipta.
Restueltungguri, 31 Mei 2021
Gambar : pixabay
Nikmat-Nya selalu memayungi hamba-hamba yang senantiasa bersyukur. Dalam setiap jalan dan persinggahan di situlah saat yang tepat untuk kita mengusahakan dan menengadahkan kedua tangan kita. Maka, Sang Ar-Rahman tiada pernah menutup pintu kasih sayang. Siklus kisah pun berputar dengan eloknya dalam bumi ciptaan-Nya.

anaknya mesen
dan jajan
yang dipinta
untuk dirasa
dan dicinta
lalu dibayar
kepada
yang mencipta.
Restueltungguri, 31 Mei 2021
Gambar : pixabay
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Aku
sedang Menjerang Tanah
Aku sedang menjerang tanah
Tanah yang remah
Basah yang bertuah
Tanah yang dititipkan simbah
Remah yang tampak lelah
Dibajak, telah dibelah
Basah bertamu dari ujung mata air yang
resah
Bertuah yang tak dicumbu sudah
Wonogiri, 22 April 2021
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Maukah Kau Antar Aku Tidur Di Kasur
Maukah
kau antar aku tidur di kasur
dengan alasnya badanmu
gulingnya lenganmu
bantalnya kepalamu
bila sudah pagi
tubuhmu
kulipat
kutumpuk-tumpuk
sampai malam lagi.
7 April 2021
Gambar : https://pixabay.com/id/illustrations/dongeng-malam-musik-ikan-langit-1180921/
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
DOLAN
Rasa-rasane uwis rong taun luwih aku ora dolan
menyang desa ing sisih paling wetan kecamatan kuwi. Jaman semana nalika isih nganggo seragam
putih klawu, aku kerep mrana. Ora dhewe, ananging karo kanca-kancaku. Yen
ngelingi jaman mbiyen aku kerasa bali dadi bocah SMA kang ora ana beban urip
sing mbulet ana utek iki. Sekolah saben esuk budhal wiwit jam setengah enem
esuk, banjur mantuk jam 1 awan.
Kuwi rong taun awal. Taun ketelu kurikulum
pendhidhikan uwis diganti dening kementrian pendhidhikan lan kebudhayaan
nganggo kurikulum anyar yaiku kurikulum k-13. Taun ketelu iku ora mung
kurikulum wae sing diganti, ananging jam sekolah iya diganti. Dipadhetake dadi limang
dina wae saka dina Senin nganti dina Jumat. Kayane yen didheleng kebijakan kuwi
nyenengeke ati. Biyasane sekolah enem dina, preine gur sedina. Saiki sekolah
limang dina, preine rong dina. Tak pikir iya nyenengake atiku tenan. La wong
jarene nganggo kebijakan lima ari kerja iki bocah-bocah ora entuk beban sing
marai mumet ing pikir. Alesane, preine mau rong dina, bisa prei, bisa linuwih
cedhak karo uwong tuwane, lan akeh alesan-alesan liyane.
Nyatane bareng dilaksanakake sawetara sesasi, apa
wae sing diomongake tibake ora bener. Rasane sirahku kemebul ngetokake asep
putih. Iku asep gaib. Yen tenanan mesakake kanca-kancaku keplepeken amarga
asepe akeh tenan. Apa maneh ora gur aku sing kemebul pikirane. Tak kira
kanca-kanca iya padha kahanane. La wong rupane yen bubar jam siji awan kuwi
uwis kaya ora duwe daya babar blas. Diibaratake lampu, kuwi lampune gur limang
watt wae ora ana. Semana uga awakku sing angop ambal bola-bali. Mbok menawa ana
sing nyoba ngetungi uwis ambal ping selawe kirane.
Oh iya, mantuke yen ing kurikulum anyar iku dadi jam
4 sore. Jam 4 tet lagi bisa metu saka gerbang. Rupa-rupane bocah-bocah sing
kucel lesu, genah padha luwe kabeh. Uwong
ngangsu kawruh iku iya ora gampang jebule. Kudu ana kang dikorbanake. Mligine
bab wektu sing kudu diselakake.
Jam 4 kuwi yen aku durung langsung mulih.
Kebiyasaanku saben jam semana iku lagi melu kegiyatan organisasi utawa
ekstrakurikuler. Uwis biyasa mulih sore. Mulih bengi iya ora masalah. Amarga,
uwis biyasa mau. Uwong tuwaku iya uwis kulina weruh putrane mulih telat.
***
Wengi iki udan deres awit sore mau durung teka
terange. Jangkrik-jangkrik sing pakulinan muni bebarengan kewan-kewan liyane
iku ora ana swarane. Aku gebres bola-bali. Iku tandhane irungku sing dadi alat
sing sensitip bab rasa adhem temenan rasane nusuk-nusuk. Namung gebres kuwi adheme ora sepiraa. Yen ana
gatel-gatel gumantung ing ngisoring bolongan irung sing tumetes, iku tandhane
hawane atis. Gusti pancen Dzat kang Maha Asih nyiptakake kabeh bagean badan
sing duwe gunane dhewe-dhewe.
“Cah piye sesuk sida apa ora? Yen sida tak
takonanake dhisik. Amrih cetha piyambake ana ngomah apa ora.” Kuwi
pitakonanku marang kanca-kanca lumantar
WA grup sing uwis ana awit SMA. Grup iku mung metu notipikasi ijo-ijo kae yen
ana butuhe thok. Yen blas iya blas. Setaun kena diitung ping pira anggone padha
jejagongan ing donya maya iku.
“Iya, ndang takonana dhisik! Amrih jelas sesuk
mangkat apa ora.” Saurane kancaku lumantar grup mau.
Banjur piyambake tak hubungi, tak takoni, tak wiwiti
kanthi uluk salam. Terus mitepangake jenengku senajan asline uwis reti. Uwong
Jawa iku dhasare ciri khase seneng basa-basi. Bab apa wae sing dibahas diwiwiti
sambutan-sambutan dhisik, yen uwis sejam rongjam olehe guneman lagi mlebu
intine.
Piyambake ngiyani ana ing omah awit esuk nganti Asar. Asile tak aturake kanca-kancaku.
Padha sepakat mangkate sesuk jam 10. Yen ora molor. Reti dhewe jam Indonesia
kuwi lak ora baku. Rencanane jam 10 mangkate dadi jam 11. Uwis dadi kebiyasaan
iku, susah diilaki. Kalebu budaya kang uwis tumurun saka simbah-simbah. Adhuh,
kok malah nyalahake para sesepuh. Telat orane
iki asline gumantung karo uwong-uwongane dhewe-dhewe. Cah enom apa
maneh. Alesane ana wae. Sing lagi tangi, sing lagi adus, sing ketemu lampu
abang akeh eram. Padhahal ing desa ora ana bangjo. Olehe ngarang ilok tenan
kaya para pujangga. Nganti ora masuk akal.
Jago kluruk soroting surya lumaku alon-alon saka
sisih purwa. Ngilangi mbaka sithik adheme wengi telas kudanan. Gegodhongan
gumilap kairing manuk-manuk miber golek panganan. Katon padhang jingglang esuk
iki. Megane tipis-tipis nutupi langit biru sing ambane ora winates.
Jam Hpku uwis nudhuhake angka 10. Tak enteni swarane
pit sing bakal mampir omahku. Aku mung nunut dina iki. Males yen ndadak gawa
pit motor dhewe, amarga bensine durung tak isi. Eman-eman ngetokake dhuwit 10
ewuku. Kanthi nunut wae dhuwitku isa aman. Isa tak enggo tuku jajan sega ayam.
Brem, brem,
brem. Udhug, udhug, udhug. Swara pit motore kanca-kancaku
mbaka siji parkir ing latarku. Byuh pite padha anyar-anyar kabeh, sing padha
ganti matic beat-vario modhel saiki.
Ana sing tuku pit motor lanang abang.
Apa jenenge aku lali. Kayane vixion
jenenge. Yen aku iya isik pit ijo kae Jupiter
Z sing uwis ngancani aku saka jaman SMA nganti kuliah teka Surakarta
Hadiningrat. Tak sayang-sayang pit iku kaya pacarku dhewe. Kepriye maneh la
wong aku iki duweni watak sing ora neko-neko, sak anane, bandha donya iku ora
digawa mati. Iya ta, bener ta pamikirku? Nanging dipadhakake kancaku mesthi
utekku luwis encer. Lah alah malah umuk. Hahaha.
Gagasanku bener anane, lagi padha teka omahku jam
setengah sewelas. Akire mangkat bebarengan. Mampir dhisik tuku buwah-buwahan
kaya jeruk, salak, lan liya-liyane. Kuwi kalebu adate wong Jawa, yen saben
mertamu sakora-orane nggawa buwah tangan. Sanajan biyasane sing digawa iku ditokake maneh dadi suguhan. Ana
paribasan anyar kang padha mbi kahanan
kuwi. Saka tamu, kanggo tamu, oleh tamu.
“Assalamualaikum Kak.”
Kancaku ndhisiki mlebu omah. Sesebutan Kak
iku lumrah ing kagiyatan Pramuka. Nyebut sapa wae sanajan luwih tuwa, ora
kok “Bapak/Ibu, Simbah” ananging Kak.
Lungguh darik-darik. Jumejer. Lanang sisih kiwa,
dene wedok sisih tengen. Pitakonan wiwitan saka Kak Sanggrong yaiku kepriye
kabare aku karo kanca-kancaku. Uwis rong taun punjul ora tau dolan menyang
daleme. Dolan sing keri dhewe iku pas bakda idhul fitri. Mrana ora nggawa
apa-apa. Ananging ngentekake panganan riyaya. Sing genah astor sak kaleng
ludhes dipangani cah-cah. Aku barang iya. Tambah maneh ngombe sirup. Seger
tenan rasane. Apa maneh gratisan ngene iki.
Guneman ing awan kuwi isine bab nostalgia ngelingake jaman SMA, pacar, kerja, tani, teknik, basa
Jawa, perawat, lan sapanunggalane. Akeh tenan sing dibahas. Ngalor ngidul
ngetan ngulon. Bab pacar iku sing paling tak senengi. Amarga aku bisa nggodha
kancaku uwong loro sing lagi kataman asmara. Sing siji kancaku lanang sing uwis
tresna mbi wong wedok awit jaman SMP, ananging rampungan. Banjur kuliah iki wiji-wiji tresna tumukul maneh ing atine uwong
loro mau. Uwong loro iku watake isin-isin ngana. Nyatane cedhak ngomonge ora. Ngomonge biyasa wae, ananging
ora biyasa. Tresna iku nyatane marai bingung. Malah ana sing omong yen tresna
kuwi wuta. Apa iya ngana?
Siji kancaku iki wedok, lagi kataman asmara karo
tanggane. Kaya lagu dangdut sing misuwur kae. Judhule Pacar Lima Langkah. Pacarku memang dekat.Lima langkah dari rumah. Tak
perlu kirim surat. SMS juga gak usah. Kalau rindu bertemu. Tinggal nongol depan
pintu. Tangan tinggal melambai. Sambil bilang helo sayang. Penak tenan iki,
pacarane ora ribet. Ora patia modhal akeh. Dolan ing omahe wae nggawa gula teh.
Yen ora dolan ing tegal karo mbubuti suket, lak katon romatise. Romantis tur
ana gunane. Ana pribasane iku, karo nyilem ngombe banyu. Ya keselek. Hahaha.
Banjur aku kepriye bab katresnane?
Mung Gusti sing
reti. Yen rabi tak undhangi siji-siji. Aja lali ngamplopi. Mugi wae jodhoku
wanodya tlatah wetan Wonogiri. Amin.
Wonogiri, 29 Dhesember 2020
Restu El Tungguri
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Anak Lanang Anak Udan
Sore iki mendhung gumantung ing sakdhuwure omah-omah
kang rintip-rintip ing pinggir dalan
gedhe. Toko-toko dhuweke uwong-uwong sugih iku padha padhang jingglang
diurupake dening karyawan-karyawane. Aku numpak sepedha motor ijo menyang
tengah kutha arep nekani tontonan ing gedhung wayang uwong. Tak lakokake rada
banter yen kahanan dalane sepi. Tak lakokake alon-alon yen kahanan dalane rame.
Iya aku iki kalebu uwong sing ora wani banter-banter yen numpak sepedha motor.
Atiku gampang tratapan. Dibel dening motor utawa montor ing buriku wae rasane
kaget banget.
Sakuwise mlaku kurang luwih teka sekilo, ujug-ujug
rasane rupaku kena banyu kang kemepyur. Grimis udakara 100 meter. Tambah deres.
Sansaya deres banget. Aku akhire mandheg ing pinggir dalan. Aku nggoleki
panggonan sing sekirane bisa kanggo ngeyup.
Tak ampirake sepedha motorku ing toko sing uwis
tutup. Tokone peteng uwis ora ana uwong sing njaga. Awakku sing sisih ngarep
teles kebes. Ananging sujakna tasku ora patia teles. HPku karo dompetku isik
aman.
“Astagfirullah, kok ya aku ora nggawa mantol barang.
Uwis ngerti mendhung awit mau awan. Ora nggatekake babar pisan.” Omongku marang
awakku sing ora bener iki.
Arep kepriye maneh. Uwis kasep. Sing penting
barang-barangku sing ana tas ora teles. Sanajan klambiku ngarep iki teles
banget. Rasane awakku dadi adem atis nganti mrinding.
Udane ora rampung-rampung. Jam tanganku nuduhake
wektu jam lima. Dumadakan, aku weruh wong wedok sing nggawa bocah cilik
digendhong ana geger. Mlaku karo gawa kresek putih sing kayane iku isine
rongsok. Rongsok-rongsok kayata botol, kerdus, kaleng, lan liya-liyane. Kresek
kang isine rongsok mau dipundak ing sisih kiwa, jejer karo bocah cilik. Wong
wedok mbi bocah iku lumaku saka sisih wetan menyang kulon. Ora ngeyup-ngeyup. Mangkana
awake wong loro mau uwis padha-padha telese. Amarga babar blas ora nganggo payung
utawa mantol. Namung nganggo plastik rada gedhe sithik sing katon reged lan
rusak. Tak kira iku plastik olehe nemu ing pinggiran dalan. Gawe melas tenan.
Tak delengi terus lumakune wong loro mau. Mlaku
alon-alon nglewati dalan-dalan sing megung gara-gara jeglongan. Jeglongan sing
uwis akeh banget marai wong numpak motor padha tiba. Ananging ora kesusu
didandani. Palinga duite anggaran dikorupsi pejabat-pejabat kae. Iku pamikirku
dhewe. Lha suwe tenan anggone dalan iku rusak. Uwis taunan. Uwis patang taun.
Mbok ya didandani mbaka sethithik-sethithik. Raketan ditembel, diaspal maneh
jeglongane. Apa ya mungkin yen iki sebenere nyata digawe? Digawe supaya padha
akeh sing tiba, banjur diplayokake menyang rumah sakit-rumah sakit iku? Apa ya
ngana ya? Yen ngana kok ya tega temen.
Nanging pamikirku mau kayane ora trep. Tibake sing
dikarepake uwong-uwong dalan alus, diaspal goreng dadi nyata. Dalan sisih
paling wetan kecamatan diaspal goreng pirang-pirang dina iki. Alus tenan kaya
sirkuit dienggo trek-trekan balapan motor. Kabeh montor dumadakan dadi
banter-banter.
Elok tenan
bareng arep pilian wae dalane dialusake kabeh. Sanajan dadak ngenteni limang
taun wektune. Iya husnudzon wae lah. Uwong cilik ngene iki iya namung nrima
dadi.
Wong wedok mau leren ing gerdhu kang sinerat Desa
Watureja. Gerdhune iku gedhe lan ana iyup-iyupane. Warnane abang kacampuran
putih. Bocah cilik sing digendhong ing gegere wong wedok mau nangis
membik-membik saya suwe tak rungokake tambah banter. Nganti krungu saka
panggonan sing tak enggo leren ngeyup saka tibaning udan. Wong wedok mau katon bingung. Banjur bocah
cilik mau saiki uwis dipangku. Diselimuti nganggo jarik gendhong. Bocah cilik
iku ora meneng olehe nangis. Dikekep,
saiki tangise uwis suda. Rada sawetara nangis maneh.
Ndeleng kahanan kaya mangkana, aku sabenere welas
kapengin biyantu. Nanging biyantu apa aku bingung. Tak pikir nganti tumemen. Ora
tegel atiku. Rasane kaya diceklek-ceklek. Kaya-kaya arep metu eluhku.
Nalikane aku mikir arep wenehi pitulungan. Pas
banget jebule panggonan sing tak enggo ngadeg iki yaiku bakul gorengan karo
wedang. Aku dadi kepikiran numbasake wedang teh, gorengan, karo sega kucing. Tak
enteni nganti bakule bukak. Pas bukak langsung wae tak tumbasake cacah telu. Sing
siji genahe dienggo aku.
Tak parani wong wedok lan bocah cilik mau. Aku
nyebrang dalan sing ora ketara dalan. Malah ketara kaya kali anyaran. Kahanan
udane isik deres. Tak trabas wae. Teka ing gerdhu abang putih iku, aku dideleng
kaya uwong asing sing gawe curiga. Kaya wedi pasuryane wong wedok mau.
“Pangapunten Ibuk, panjenengan sampun dhahar
dhereng? Menika kula gadhah sekul tiga kaliyan gorengan. Ingkang kalih diangge
panjenengan nggih. Kersane adhike maem.” Ing sangarepe Ibu iku aku micara kanthi alus.
“Oh nggih Mas maturnuwun.” Saurane Ibuke.
“Ketingale adhike niku atis Buk. Wonten teh anget.
Mang dimimikake rumiyin kersane anget boten rewel malih.” Aku kelingan yen uga
ana teh anget sing ana jero plastik ireng iku.
“Oh nggih Mas.” Saurane Ibuke padha karo sing mau.
Ndeleng ana sega karo gorengan. Bocah cilik
ngranggeh-ngranggeh bungkuse. Ibuke banjur ndulang anake kanthi telap-telep.
Thole-thole, nangismu mau amarga luwe lan kadhemen. Iya ta? Uwong gedhe wae yen
luwe sambate eram apa maneh katambahan kadhemen.
Anggonku mangan sega karo ngombe teh uwis rampung
bebarengan karo adhike mau. Ana sisane sega karo teh. Mesthi iku digawa mulih,
amarga Ibuke ora mangan. Namung ngombe tak.
“Anak lanang,
anak udan. Sing tak sayang, tambah kapinteran. Anak lanang, anak udan. Sing tak
sayang, tambah kapinteran.”
Lelagonan dilagukake dening Ibuke. Aku ora reti iku
lagu apa. Lagi sapisan iki nemoni lagu kuwi. Apik tenan. Kaya ditembangake
dening ibuku dhewe. Larase nyawiji karo
larase udan sing tumiba ing samubarang papan.
Allahu
Akbar-Allahu Akbar.
Adzan uwis kumandhang. Aku pamitan karo wong loro
sing akire aku tepang. Iku namane Ibuk Sunarti karo putrane namane Narendra. Lagi
wae sikilku jangkah sapisan, Narendra nyeluk aku. “Mas, maturnuwun.” Omonge
cekak karo ngranggeh tangan tengenku. Digegem lan diambung. Mak cles kaya
kesawur es karo banyu panas. Adhem panas. Praupanku tambah katon sumunar ing
petenge magrib iku. “Dadia bocah pinter ya Dhik!”
Aku bali menyang sepedha motorku. Bareng adzane uwis
rampung, udane iya melu suda, gari grimis. Tak tumpaki, aku nggoleki mesjid kanggo
salat magrib. Rasa-rasane kok ya urung bakal terang. Kocapku ing jero ati.
Mangsa rendheng kaya ngene iya wajar yen udane awet tenan. Yen banyu udan
dilumpukake bakalan dadi segara anyaran temenan ngalah-ngalahi Wadhuk Gajah
Mungkur iku.
~Restu El Tungguri
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Angkringan dan
Lampu-Lampu Taman
Malam sudah menenggelamkan penuh gedung-gedung
tinggi di kota ini. Jalanan yang lebarnya hampir sama dengan sungai yang
terpanjang di pulau Jawa itu mulai lengang oleh lalu-lalang kendaraan berplat
AD dan sekitarnya. Lampu-lampu taman menguning di setiap pinggir jalan,. Terkadang
cahayanya tidak nampak menerangi jalanan, dikarenakan juntaian-juntaian
ranting-ranting pohon yang lebat dan lupa dipotong oleh petugas dinas
pertamanan kota setempat. Rerumputan di beberapa sudut mulai meninggi setinggi
mata kaki orang dewasa. Sayang, toko-toko di depannya tak terbiasa mencabuti
rumput yang tumbuh menghadap kaki-kaki yang keluar masuk toko. Jangan kau harap
mereka mencabutinya, lalu membuangnya ke tempat sampah. Sudah syukur mereka mau
menyapu saja itu luar biasa. Nanti petugas tak akan bekerja dipikirnya.
Di sudut taman yang redup karena lampu taman yang
pecah menyisakan satu meja yang di atasnya tertata nampan gorengan, kacang, sundukan, dan lainnya. Tempat itu
terdapat satu lampu berdaya lima watt yang aliran listrinya entah diambil dari
mana, entah ganthol dari mana. Waktu
tepat pukul sepuluh malam. Selasa malam. Besuk Rabu.
“Buk, ayo pulang! Sudah pukul sepuluh malam.” Ajakan
seorang pria penunggu meja tersebut.
“Bentar Pak. Biar jam sebelas sekalian. Belum banyak
yang datang membeli dagangan kita.” Sahut seorang wanita yang sedang duduk
menghadap jalan yang mulai sepi itu.
“Ayo sudah, besuk lagi! Sudah sepi kayak gini, mau
nunggu siapa lagi? Yang beli pun gak ada Buk. Ayo-ayo dirapikan sekarang, Buk!
“Yoalah Pak-Pak.
Siapa tahu ada yang beli gorengan lho Pak. Siapa tahu ada yang beli teh anget.
Lumayan kan kalau ada yang beli.”
“Ya sudah. Setengah jam lagi, setelah itu kita
pulang.” Mereka menunggu dengan sabar berharap ada satu atau dua sepeda motor
yang berhenti lalu membeli dagangan mereka.
Setengah jam berlalu. Tak ada satu
pun yang mampir di lapak mereka. Bahkan daun pun tak ada yang duduk di kursi angkringan itu. Lampu-lampu
remang-remang di sudut-sudut lain pun juga mulai dimatikan. Tenda-tenda mulai
digulung. Penggorengan dimasukan ke bawah meja. Kursi dan meja di ikat menjadi
satu lalu disenderkan di tepian taman yang gelap. Kemudian di tutupi dengan
terpal yang amat besar. Pemiliknya pulang.
“Kok ya sepi banget ya Pak. Tidak
banyak orang. Tidak banyak yang beli. Bisa-bisa kita bangkrut jadinya. Gulung
tikar. Dagang kayak gini masak bangkrut, terus mau kerja apa?” Sang istri
bertanya-tanya.
Sang suami menjawab, “Lha gimana
lagi Buk? Adanya kayak gini. Mau gimana lagi? Musimnya paglebug, semua susah Buk. Tidak cuma kita.” Sambil menghela napas
dan menata hatinya.
“Ibuk itu Pak sebenarnya tidak
terlalu mikir tentang itu. Rejeki yang diberi Gusti Allah, ya patut disyukuri.
Walau itu kecil sekali pun. Tapi, si Budi itu lho Pak, kasihan.”
“Kasihan gimana lho Buk?”
“Gimana ta Pak? Bapak tidak tahu?” Sang istri menatap lembut kepada sang
suami. Ia menggeleng tidak tahu menahu. Sang istri melanjutkan, “Kemarin Budi
bilang HP bantuan yang diberi Pak Camat tiga tahun dulu itu sudah susah Pak.
Sudah rusak-rusak terus. Buat ia sekolah bermasalah terus. Budi bilang kelas
dua SMA ini banyak materi dan tugas-tugas. Aku cuman takut anakmu Pak tertinggal
pelajarannya.Budi sering dapat tiga besar di kelas. Jangan sampai Budi turun
nilainya!”
“Bapak tidak tahu Buk, kalau Ibuk
tidak bilang sekarang ini.”
“Budi, Ibuk sudah suruh bilang sama
Bapak. Tapi katanya tidak usah. Takut merepotkan, Bapak.”
“Ayo pulang Buk! Besuk Bapak bakal
putar otak biar HP Budi bisa digunakan kembali. Besuk Bapak bakal cari
pekerjaan-pekerjaan bangunan atau lainnya. Siapa tahu ada dan bisa buat
tambah-tambah.”
Mereka pun akhirnya pulang.
Mengendarai sepeda motor tua Astrea yang platnya sudah mati. Melewati gang demi
gang sempit hingga sampai di depan rumah kecil nan-tua milik keluarga. Sang
istrik mengetuk pintu.
Tok-tok-tok.
“Le, Budi. Ibuk sama Bapak sudah pulang. Bukakan pintunya, Le!”
Keluarlah seorang remaja berusia 15
tahun membukakan pintu sambil mengucek-ngucek matanya, sesekali.
Selasa,29
September 2020
Restu El Tungguri
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
LAYANGAN
TEMANGSANG
“Mas-Mas
layanganku nyanthol. Jikukna Mas!” Sambate adhiku marang aku sing lagi wae metu
menyang latar omah.
“Lhoh lha piye ta? Makane yen Mas omong dirungokake!
Layangan iku aja aneng ngarep omah. Lha
wong akeh uwit-uwitan barang. Dadi
temangsang ta.” Sauranku nganggo nadha
sing rada dhuwur. Amarga ora gur pisan pindha anggone layang-layange mau
temangsang. Uwis bola-bali.
Tak jipukake genter duweke tanggaku kanggo ngereh
layangan temangsang mau. Gentere saka pring sing cilik lan entheng. Dadine aku
bisa gampang ngereh layangane. Sakluwihe 10 menit, akhire layangane bisa
takjipukake. Praupan sumeh adhiku katon sumunar. Prengas-prenges kaya ora duwe
dosa. Untune katon kuning amarga awit esuk urung adus, urung sikatan. Tangi
turu langsung budhal dolan. Sujakna isik gelem raup dhisik ngilangi owehe sing
kaya banyu kebendung dadi waduk Gajah Mungkur iku.
“Alhamdulillah, kena dijupuk.”
“Piye Le? Arep mbok umbulake ning kene maneh?” Aku
omong menyang adhiku karo rasa kang pegel.
“Iya na Mas.” Jawabe adhiku lugu tenan.
“Piye? Balenana! Kok ya ora kapok lho bocah ki. Uwis
temangsang ping seket barang ogh.” Malah bocahe kayata ora ana kapoke yen
temangsang. Saben temangsang nyeluke aku terus. Sing ngerah aku, sing boyoken
aku, sing kena lebu mripate iya aku. Sujakna adhiku dhewe. Yen ora uwis tak
dadikake sega thiwul sisan.
“Eh, boten Mas. Arep tak umbulake menyang sawah lor
kana wae.”
“Nah, iya kana wae. Aman tur angine linuwih banter
timbangane ngarep omah. Iya ora gampang temangsang.”
Adhiku kuwi isik cilik banget. Umure lagi ngancik 7
taun. Umur semana adhiku sekolahe ning SD kelas 1. Wajar yen adhiku senengane
isik dolanan kaya ngana mau. Layangan terus sabendinane. Ora pedhot olehe
nggeret lan ngendhoni senar. Apa maneh
iki usume uwong ngendi-ngendi padha ngumbulake layangan. Ora enom ora tuwa. Ora
cilik ora gedhe. Langit-langit katambahan lintang anyar kang miber ing dhuwure uwit-uwitan
sengon.
Bocah cilik iku senengane meri marang kancane menawa
duweni barang-barang liyane. Adhiku iki salah siji tuladhane. Akeh layangan
uwis dituku saka layangan pethekan nganti layangan bapangan utawa rep.
“Mas-Mas, tulung dhulna Mas!”
“Kosek ta Le!”
“Ana angin Mas. Dhul!” Iya tembung “dhul” iku ora
asing maneh dienggo uwong-uwong sing ngumbulake layangan. Tembung iku dienggo
niteni yen angine uwis teka lan siap diculake layangan sing dicekelake uwong
iku.
Angine ilang, layangane tumiba ing lemah sawah
nabrak uwit jagung sing dhuwure lagi sak meter. Bola-bali tiba amarga ora ana
angine. Sidane adhiku tak ajak menyang sawahe dhewe pinggir dalan gedhe kana.
“Le, kene-kene gocekan Mas. Layangane dicekel siset!”
Nyebrang dalan gedhe sing rame banget. Dalan iku dalan menyang Jawa Timur dadi
montor saka Jawa Tengah menyang Jawa Timur utawa sakwalike ora ana enteke.
Aku lan adhiku uwis teka papan yaiku sawahe bapak. Adhiku
uwis ora sabar. “Alon-alon lho Le! Yen tiba awakmu ora sida layangan mengko.”
Hawane isik panas. Jam setengah papat sorote srengenge isih cetha wela-wela.
“Dhul.” Layangane mumbul dhuwur kadhesek angin saka
wetan kali. Banter kaya-kaya aku aku iya arep mumbul. Senajan jaman aku cilik,
aku duweni kepenginan bisa miber kaya manuk-manuk kae. Duweni swiwi putih. Miber
mubeng-mubeng desaku sing ijo royo-royo iki. Dhasar isik cilik uteke seneng
mikir bab-bab sing ora teka ing akal.
“Le ayo mulih are magrib iki uwisan!” Aku marani
adhiku saka kalenan panggonku wisuh sikil karo sendhalku.
“Moh Mas mengko sik. Sedilit ngkas.” Saurane adhiku.
“Ayo uwis peteng iki. Digondhol Wewe sisan karepmu!”
Adhiku isik ngeyel. Angel diajak mulih. Saking tresnane karo layangan abang
ireng iku.
“Mulih-mulih, layangane sesuk maneh!” Iku suarane
bapakku saka pinggir sawah nyeluk aku lan adhiku. Yen sing ngaturi bapak,
adhiku ora bakal wani ngeyel. Yen ngeyel siap-siap wae bakal diseneni teka
omah.
Malem Jumat, 25 September 2020
Restu El Tungguri
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
MOKSA
Ada
jutaan pasang mata mulai bangun
Dari
bawah kasur menyembul pada tembok-tembok
Pagi
yang redup tak sesilau biasanya
Dapat
kudengar kicau burung-burung yang hinggap
di
ranting kering yang luka
Kau
tengok di bawah daun Kenanga itu
Kepompong
yang puasa menjadi ragu-ragu
Untuk
mengintip dunia yang baru
Kau
meyakinkannya
Kau
bilang, “Aku temanmu, jangan takut!
Kita akan terbang
bersama mengelilingi dunia.
Mari kugandeng
tanganmu!”
Pipinya
memerah rona
Ucapanmu
memberanikannya
Ia
buka belenggunya, ia sobek rumahnya
Ia
buang kepahitannya
Kaugandeng
tangannya, menuju surya di atas sana
Melewati
tangga-tangga sorot cahaya
Hingga
bersama
Sampai
berdua
MOKSA
Wonogiri,
23 September 2020
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Pena Bumi Buku
Pena
terbangun dari tidurnya di atas lembaran buku usang dan berdebu kemarau, yang
tergeletak membentang di atas meja bekas jualan neneknya. Ia dibangunkan oleh
subuh yang membunyikan gendang telinganya, yang membuat genderang bertalu-talu
di kamar buku. Lompatlah ia menuju air yang mengucur, membasuhi wajah, kepala,
tangan, hingga kaki. Melangkah bersama udara terbit, menyusuri nikmat Tuhan
yang menembus kulit bahkan sunsum tulang. Membacai kalam-kalam mendalam,
menyelami untuk memulai perjalanan di kemudian hari. Sampailah di Surau Buku,
tempat para pena mencari ilhamnya.
Suatu
ketika, pena sedang melukis huruf demi huruf kisah anak bawang yang kini telah
diangkut ke kota menjadi bawang bombai. Begitu bangganya ia, bermetamorfosis
dari desanya yang bau menjadi harum parfum. Kisah itu telah separuh dilukisnya.
Tiba-tiba tak ada yang menyangka.
Datang dari ujung tinta
negeri, namanya adalah pandemi.
Pandemi
tertawa melihat mata pena yang pasrah, bak menyerah tak mampu melakukan apa. Ia
luberkan tinta di atas ladang buku garapannya. Hancur lebur. Semua sayur
hurufnya musnah. 123 halaman luluh lantah.
“Aku bisa mati gila
karena ini, siapa ia sebut namanya? Pandemi?”
Pandemi
mungkin gabungan dari kata pandai membuat
mati. Benar bukan? Tak meleset satu senti.
Para
pena menjenguk pena yang nyawanya hampir melayang melewati tenggorakan. Mereka
membawakan buah tinta dan tubuh pena baru.
“Kau tak boleh mati
karena pandemi! Kita akan lawan dia. Kita akan rampungkan buku garapanmu karena
itu penawar kesembuhanmu. Semoga dokter buku itu memang benar.”
“Kami benar-benar
melawannya. Ia mulai tertekan, tetapi tak hilang. Ia malah mengancam, tetapi
kami tak akan diam. Kami telah membangun benteng menjulang di seluruh penjuru mata
angin yang dingin. Kami telah alirkan sungai di depannya. Kau takut air bukan?
Kau takut tubuhmu bersih bukan? Kami sudah tahu kelemahanmu.”
“Kami bersama
penciptamu di Surau Buku. Kami munajatkan doa untuk menghapusmu dari bumi buku.”
Biodata
Penulis
Dhiya
Restu Putra dengan nama panggilan yaitu Restu. Merupakan mahasiswa program
studi Sarjana Sastra Daerah/Sastra Jawa angkatan 2018, Fakultas Ilmu Budaya,
Universitas Sebelas Maret Surakarta. Lahir di Kabupaten Wonogiri, 26 Juli 2000.
Sangat mencintai dunia permainan kata dan makna dalam puisi. Senang sekali
beribadah puisi di waktu-waktu tertentu. Mencintai seni dan menikmati angin di
batas terbenamnya matahari. Dhiya Restu Putra mempunyai akun media social Instagram: @restueltungguri, Wattpad: restueltungguri, Youtube: Dhiya Restu Putra, dan Blog: caritaningrestu.blogspot.com.
Screenshoot
Screenshoot
Instagram

Screenshoot
Kanal Youtube

Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Bukan
Sarjana Ekonomi, Pertanian, dan Agama
“Le,
tolong ambilkan kangkung di sawah Bolabang! Simbah taruh di bawah pohon pepaya.”
Suara renta itu dengan lembut terengah-engah menghampiriku yang sedang duduk
sambil membaca buku-buku yang menumpuk di meja belajar.
“Inggih Simbah,
sebentar.”
Berangkatlah aku, kukendarai sepeda motor hijau yang
melaju di jalanan cor. Jalan cor ini baru selesai pada bulan Januari tahun ini.
Syukur jalan ini bisa dibuat. Orang-orang menjadi lebih mudah melewatinya. Dahulu
di bulan hujan, kami akan berubah layaknya pembalap-pembalap terkenal dunia.
Berpacu melawan waktu. Lawan kami adalah siput-siput sawah yang lebih lincah
mengendarai kaki-kakinya di atas tanah becek seperti ini.
Satu karung putih berisi sayuran itu
aku angkat menggunakan kedua tanganku, lalu kuhempaskan ke atas pundakku. Berjalan
melewati pematang sawah dengan menggendong beban ternyata tidaklah mudah
apalagi relief tanah dikampungku tidak seperti kampung-kampung di dekat kota
sana. Kontur tanah di sini pegunungan, naik turun, banyak sungai dimana-mana. Bahkan
aku harus melewati jembatan tua yang dibuat oleh swadaya masyarakat untuk
kembali menunggangi sepeda motorku. Ngeri. Sungai di sini sangat dalam dan
curam, bongkahan batunya sebesar gajah-gajah.
“Buuuuk.” Suara
karung sayur yang kuturunkan dari sepeda motorku.
Peganganku terlepas saking beratnya karung itu. Lemahnya lengan-lengan ini yang
hampir dua tahun hanya kugunakan untuk memencet-mencet kotakan listrik itu. Iya
laptop hitamku.
“Mbah, kangkungnya kok seperti ini. Tidak seperti
biasanya. Ada putih-putihnya.” Pelan, aku bertanya pada Simbah.
“Iya Le. Kangkungnya terkena penyakit. Cuaca yang
tidak menentu membuat hama tanaman bisa tumbuh dengan suburnya.”
“Tidak disemprot pestisida Mbah?” Aku kembali bertanya
tentang pestisida seolah aku lulusan pertanian yang ahli. Padahal aku hanya
anak sastra yang lulus saja belum. Mungkin aku adalah peranakan sastra
pertanian. Berimajinasi sedikit tidak masalah bukan?
Aku membantu simbah untuk memilah-milah kangkung
yang masih baik untuk dijual. Tidak banyak nyatanya. Satu karung yang aku
pundak tadi menyisakan setengahnya saja. Sabar iya pundak, hari ini kamu
sedikit dibohongi. Air sumur aku timba. Aku tuangkan ke dua ember besar yang
nantinya untuk membasahi sayurnya agak ketika di jual terlihat sangat segar dan
menggoda para pembeli untuk menukarkan uang-uangnya dengan hijaunya sayur itu.
Jam di dinding berdetak bersama jangkrik-jangkrik
yang tak pernah terjeda diam. Heran. Tak capaikah si jangkrik itu? Malam semakin
malam. Semakin ramai oleh suara malam yang saling membicarakan satu sama lain.
Tiba-tiba tubuhku merasakan ada hawa panas menyentuh
pergelangan kaki. Hembusan napas di daun telingaku sangat kurasakan. Berulang-ulang,
digoyangkannya sekujur tubuhku yang tertidur lelap di depan televisi.
“Le, bangun! Sudah jam 12.” Ini jam 12 malam,
benar-benar tengah malam aku dibangunkan Simbahku. Selama pandemi menyerang
bumi ini, yang awalnya kukira tak akan menjangkiti Indonesia. Ah apalah daya
harapanku ini tak mungkin berdaya di hadapan ketetapan Tuhan, Allah. Aku
memutuskan untuk pulang karena dunia perkuliahan dilakukan secara daring. Mau
memaksa luring? Diriku tak mau mati konyol karena itu.
Kami lalu berangkat menuju pasar pada tengah malam
condong tiga puluh menit. Menerjang dingin yang menusuk kulitku yang telah
terbungkus tiga lapis kain. Tetapi, tetap saja masih tertembus dan membuat
bibirku menggigil-gigil sambil mengendarai kendaraan di gelapnya tikunga dan
tanjakan.
Jual-beli mulai menjamur di semua sisi bagian pasar.
Ada yang menjual donat gula bubuk. Ada yang menjual lele-lele hidup yang
sebelum diberikan ke pembeli oleh penjualnya dipukul kepalanya agar mati. Ada
yang menjual jasa angkut, memanggul dari utara ke selatan atau barat ke timur. Hebatnya,
yang menjual jasa panggul itu ialah para perempuan-perempuan yang sudah beruban
lima puluh sampai 100 prosen rambutnya. Di mana pun mataku kusapukan, kulihat
perempuan-perempuan tua yang gelambir lengannya manggantung. Kerut di kening
seperti kering karena terhempas kemarau. Mereka semua berkelesotan di pasar
termasuk simbahku yang masih asik mencari-cari pembeli menawarkan sayur
kangkungnya. Kain jarik-jarik itu menyelimuti badan mereka.
“Bagaimana Mbah kangkungnya? Laku berapa?” Tanyaku
saat kami berangkat pulang. “Satu unting berapa
Mbah?”
“Kangkungnya harganya jatuh Le. Laku semua tapi
dengan harga yang sangat murah. Satu unting
hanya 400 rupiah.” Simbahku menjawab dengan sedikit menghembus napas
panjang.
“Pasti ini gara-gara Corona Mbah.”Jawabku ketus.
“Hush, sudah Gusti Allah memberikan cobaan seperti
ini pasti ada hikmahnya Le. Kita jadi manusia cuman bisa berusaha dan
selanjutnya tawakal!”
Simbah yang luar biasa di mataku. Bukan hanya simbahku. Tetapi, semua simbah-simbah yang ada di pasar tadi. Mereka bukan sarjana ekonomi tapi pandai berjualan. Mereka bukan sarjana pertanian tapi pandai menanam sayuran. Mereka bukan sarjana agama tapi pandai bersyukur kepada Tuhan.
Restu El Tungguri
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
PETAI-PETAI
MAGRIB
Warung mie ayam dan bakso pertama ternyata sudah
ludes habis hanya menyisakan bakso saja. Aku melenguh kesal sembari
menggembungkan pipiku yang miskin daging. Aku penggemar mie ayam, benar-benar
penggemar. Kebiasaanku jika telah makan di suatu warung yang makanannya terasa
sedap, maka aku tak akan mencari warung lain yang belum tentu rasanya seiya
sekata dengan lidahku ini. Maklum sewaktu masih SD karena menonton ajang
memasak di televisi menjadikan jiwa khayal anak-anakku menjadi sangat
mengembang. Bahkan berkali-kali aku bereksperimen dengan ibuku membuat
makanan-makanan: roti, sayur, lauk-pauk, dan lain-lain. Kebiasaan menilaiku bak
juri-juri pun sering kulakukan, tetapi sebatas dalam hati, lalu menyesali.
“Motore
ingkang pundi Mas?” Seorang lelaki memakai rompi menanyaiku dengan ramah.
Aku jawab penuh sopan, “Jupiter ingkang ijem punika, Pak.” Aku keluarkan uang 2000an yang
harus terbayarkan, padahal makan pun tak jadi. Hangus sudah.
Lajuku kuarahkan menuju timur kota mencari
warung-warung lain. Nihil. Waktu semakin cepat sedang perut ini semakit kecut
dan mengkerut. Mendung juga semakin bergelayut. Musim hujan masih menjadi tuan
rumah di bulan ini. Timur kota tak kutemui satu pun warung makanan kesukaanku. Barat
kota, mungkin akan kutemukan. Begitu kataku dalam hati.
Sebelum rintikan air jatuh di aspal-aspal jalanan
yang retak itu langsung ku belokkan haluan ku, menyebrang jalan menuju ke arah
barat kota. Ku pikir hujan akan membiarkanku memarkirkan motor terlebih dahulu,
lalu duduk sembari menunggu mangkok yang mengeluarkan uap-uap bumbu.
Tes-tes-tes, gerimis menyapaku yang menunggu lampu
merah menjelma hijau. Pada lampu merah kedua gerimis menjelma menjadi hujan
yang tersenyum manis menghujami wajahku dan sekujur tebuhku. Beruntung sekali
tetesan-tetesan yang menyerbu bibirku. Aku lumat bersama angin –angin senja
yang liar, ganas, dan kencang. Aku telan. Tahu saja bahwa tenggorokan ini telah
kering kerontang oleh teriknya hari.
Tiga puluh prosen tubuh ini basah. Sebelum bertambah
lima prosen lagi, kutemukan warung tenda kecil berwarna hijau di pinggir jalan.
Kecil mungil. Tidak apalah. Daripada semakin sempurna tubuhku dihujani oleh
hujan, sebaiknya warung itu saja yang menjadi pelabuhanku.
Rona mangkok yang terisi oleh untaian tepung panjang
yang panas menghampiriku, ditemani gelas bening berisi air seduhan teh panas.
Hingga mangkok telah bersih. Gelas telah menjadi bening kembali.
Hujan telah reda. Kupustuskan untuk pulang. Mengendarai
sepeda motor melewati bawah pohon yang menggugurkan air-air sisa hujan. Sejuk
sekali udaranya. Aku buka kaca helmku untuk membau semerbak aroma tanah dan
bangunan yang basah.
Di pinggir jalan, di bawah atap toko yang tutup samping
sekolah dasar, aku melihat ada seorang nenek tua yang sedang duduk meringkuk menahan
terpaan angin dari kendaraan-kendaraan yang lalu lalang. Bis-bis, sepeda motor,
truk, mobil, semua berebut mengisi celah jalan raya yang tak terisi. Klakson
bersahut-sahutan meneror kendaraan-kendaraan yang ingin menyalip satu sama
lain. Juga-juga lampu kuning yang menyorot jalanan aspal, memantulkan cahayanya
hingga menyapu wajah dari sang nenek.
Berhenti. Aku rem roda belakang dan roda depan
bersamaan sampai sedikit membuat bunyi, seperti pembalap-pembalap saja. Membuat
beberapa pasang mata melirikku dengan keheranan. Sang nenek tua itu tak sedikit
pun pandangannya lari dari barang dagangannya.
“Mbah sadean
punapa Mbah?” Jawabku dengan bahasa Jawa Krama alus yang menjadi bahasa wajibku berbicara dengan orang yang
terlampau jauh dari usiaku. Walau, aku masih belum lancar, tetap akan
kuusahakan penuh berbicara dengan tingkat tutur paling tinggi dalam bahasa Jawa
itu. Memang merepotkan. Tapi, dengan itu aku telah menjadi hamba sang nenek. Takzim
dan hormatku kepadanya.
“Sadean sayur,
Le.” Sang nenek menjawabku dengan lirih. Ia melanjutkan, “arep tuku apa, Le?”
“Wonten Pete
Mbah?” Aku bertanya pertanyaan yang tidak harus dijawab, karena sebenarnya
telah jelas terlihat petai-petai hijau di atas terpal plastik tipis bersama
sayuran yang lain. Pete-pete itu sangat menggodaku sejak aku turun dari sepeda
motor. Ia melambai-lambai lalu bilang ambilah
aku, belilah aku, masaklah aku!. Petai adalah makanan favorit yang jika
dimasak dengan digoreng di minyak panas, rasanya tiada duanya.
“Enek, Le.
Iku! Arep tuku pira?” Sang nenek menunjuk petai-petai yang jaraknya
sedikit jauh dari tempat duduknya. “Yen,
semene iku regane sepuluh ewu, yen tuku loro dadi enembelas wae.”
“Sae boten
Mbah punika?”
“Ya apik na
Le. Iki petene uwis mateng.”
Uang yang kutaruh di celana kanan itu ada enam ribu.
Kucari-cari di dompet ada uang merah keungu-unguan. Aku julurkan uang kepada
sang nenek sambil ia membungkus dua ikat petaiku dengan plastik hitam.
“Sampun dangu
Mbah sadean wonten mriki?” Aku menatap wajahnya yang sudah kendor
sana-sini.
“Uwis suwe
benget simbah iki. Simbah saben esuk iku dodolan ning pasar kana kae. Banjur
yen wis awan, simbah pindah ning pinggir kene iki.”
“Boten kesel,
Mbah?” Pertanyaanku terlontar lagi. “Boten
wonten griya kemawon?” Lanjutku.
“Ngapa kesel
Le. Lha wong simbah awit enom gaweane iya kaya ngene. Dadi uwis biasa. Yen
aneng omah malah ngrepoti anak putu wae. Mendhing mumpung awak isik sehat iya
kudu dienggo tumandang.” Itu adalah jawaban yang selalu kutemui ketika
orang-orang menanyai orang-orang dengan umur lanjut masih bekerja dengan giat.
Terbesit olehku apakah memang nantinya pikiranku
akan sama menjelma seperti sang nenek. Selalu merasa takingin direpotkan.
Padahal dirinya sendiri tak tahu ada hal yang lebih merepotkan jika terjadi
suatu hal yang tidak dinginkan terjadi kepadanya. Awalnya kupikir anaknya
durhaka, tak mau mencegah ibunya sendiri menerjang terik matahari dan dinginnya
hujan. Pikiranku kalut, berpikir yang tidak-tidak tentang anak sang nenek.
“Simbah sampun
sonten ngoten puniki, boten kondur?”
“Magrib Le,
mengko ana bis sing biasane tak nunuti mantuk. Iya sok-sok bubar Isyak barang.”
Semakin menjadi-jadi empatiku kepadanya. Seorang nenek tua, berdiri pun tak
tegap, bajunya telah mengembun terciprati air yang turun dari atap. Sore itu
benar dingin. Tanganku membiru-kecu. Tangan
sang nenek tak berubah, tetap coklat oleh sinar matahari dan hawa kota yang
membakar.
Hampir magrib, lampu-lampu taman mulai menyala. Lampu-lampu
di alun-alun mulai memamerkan warna-warninya.
“Mbah, kula
wangsul rumiyin. Sehat terus inggih Mbah. Punika wonten teh taksih anget mangga
simbah unjuk!”
Sepeda motorku kugenjot, kunyalakan. Melajulah aku
menembus remang-remang jalanan dan lantunan-lantunan ayat-ayat suci Al-Quran
dari masjid Agung.
Hingga saat ini, simbah
sang nenek masih kutemui di tempat sama. Tapi belum sempat kubeli petainya
lagi.
Hai, ada embun di pipimu.
Ada linangan di matamu.
Ada haru di hatimu.
Hidupmu tak sendiri, kita ada di tak terhingga makhluk di galaksi ini Kawan.
Jika diam itu emas, dan kamu ingin bicara.
Seketika aku yakin, emas yang ada dalam dirimu akan meluap membanjiri rasa legamu.
Berkisahlah Kawan, jika kau malu bertutur di luar sana.
Maka latihlah itu di ruangan ini!
Aku bersedia mendengarmu, tanpa kau harus tahu diriku.
Sahabatmu,
Manusia di Bumi Tuhan
Senja itu anaknya mesen dan jajan yang dipinta mengucap jumpa untuk dirasa dan dicinta lalu dibayar kepada yang mencipta. Restueltungguri,...